Selasa, 24 Maret 2020

Aja Suudzon

Aja Suudzon

Kelingan wejangane pimpinane inyong esuk mau. Dadi wong kuwi aja seneng suudzon. Deweke cerita pas jaman Nabi Muhammad SAW ana salah sijine wong sing diarani ahli surga. Wong kuwi dudu wong sing rajin sholat, dudu sing sering rajin maca Al Qur'an..kiye mandan klalen mbok ana sing salah. Kepriwe critane..kiye mandan tak eling-eling..


Sahabat Ali bin Abi Thalib, sing penasaran marang wong kuwi banjur nemuni wong sing diomongna Rasulullah. Telung dina sahabat Ali nginep nyang nggone wong mau.Dina pertama, deweke ra nemukna keistimewaan opo-opo. Biasa-biasa baen..sholat 5 waktu, ngaji..tapi ya standar lah..

Dina ke loro ne ya ajeg baen, ora ono sing istimewa.
Dina ketelune sahabat Ali pamitan. Deweke bali, lah nyang tengah dalan, deweke mbalik maning. Akhire ngomong karo wong mau.

Sahabat Ali takon, " Maaf Bapak, inyong nginep nyang umahmu, dudu mergo aku ana masalah nyang ngumah. Nanging aku penasaran, jarene Rasulullah njenengan salah sijine wong sing klebu ahli surga. Sebenere opo toh rahasiane."
Wong mau banjur ngguyu. Terus ngomong, "Sebenere dudu masalah inyong rajin sholat, maca Qur'an, terus ngibadah liyane. Inyong kuwi ora tahu nganggep elek marang wong liyo. Dadine atike bersih, bebas saka iri dengki."

Oh jebul kaya kuwi rahasiane ya...

Wong sing ra gelem suudzon kuwi atine bakal resik, bebas saka prasangka-prasangka sing elek. Uripe ayen tentrem. Contohe, ana kancane dewek sing telat mangkat yang nggon kerjaanne. Dewek kuwi kudu duwe prasangka sing apik, mbok menawa kancane dewek lagi ana masalah nyang keluarga, mbok menawa motore ban ne bocor lan liya-liyane. Ora banjur ngomong, "Wah, kae wong ya anu..wis biasa telat."

Yen wis suudzon, mesti deweke ra gelem ngganteni tugase kancane sing telat. Isine mung ngrasani.  Bedo urusane, yen deweke duwe prasangka sing apik. Contohe dadi guru, yen ana kancane sing telat, banjur ana kelas sing kosong. Deweke mlebu, ngisi wektu, njagani bocahan, karo ngenteni guru sing kejatah mulang mangkat.


Akhire ora ono sing dadi kurban. Sing telat ya matur nuwun. Sing ngganteni gawean entuk ganjaran. Siswane ya ora kapiran.

Contoh liyane ya akeh banget, intine dadi wong kuwi ora usah seneng suudzon. Podo bae gawe penyakit ati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Daftar Blog Saya

Comments

Postingan Acak

Pengikut

Back To Top