Rabu, 25 Maret 2020

Right or Wrong is My Language

Right or Wrong is My Language

Asline inyong isin, ngakune wong Jowo..tapi jebul ra mudeng boso jowo. Boro-boro dikon moco huruf jowo. Sawise moco majalah bahasa Banyumas, yaiku Ancas terus siki lagi moco novel bahasa Banyumas, yaiku Geger Wong Ndekep Macan karangane Hari Soemoyo, aku pengin gawe blog tapi nganggo bahasa Jowo.

Ora susah mikir isin asline, bahasa jawa kuwi akeh banget manfaate. Filosofine ya duwur banget. Opo maneh yen wis mlebu crito-crito nyang wayang, waduh...ya kuwi gambarane urip nyang ndunya..
Ana pihak sing apik ..ana sing ala...
Ana Pandawa ana Kurawa..





Inyong kelingan istilah soko Amerika yaiku right or wrong is my country..Pas inyong jih SMA blas ra setuju istilah kaya kuwi..moso negoro salah kok dibela baen...
Siki inyong nembe mudeng...Siki lagi krisis jati diri bangsa..akeh sing ora bangga karo bangsane dewek..
Sing duwe kesempatan nyang luar negeri, ora mung golet pangan nyang kana, tapi ya ora sitik sing ngumbar-ngumbar kekurangane negara dewek...
Duwe presiden yo..sing milih sopo sing ngelek2 sopo...
Ya ora salah yen Taufik Ismail gawe puisi Malu Saya Jadi Orang Indonesia...

Terus aku kelingan nyang salah siji grup facebook (rai buku po buku rai artine)...
ana poto mbuh bener ora..sing isine bocah SD baris, terus ana wong ngemis, lah...salah siji tangane ngacuk nyang pengemis kuwi..jari tengahe ditekuk..simbol fuck you...
Aku ra masalahna kuwi foto bener opo ora, sing jelas sing nyebarna ya wong Indonesia dewek...opo ora Isin..

Nyang luar negeri poto kuwi di tag..ditandai..dikei judul Fail Parenting..sing arti gampange didikan yang salah atau salah didikan...
Wah isin aku dadi wong Indonesia....

Dadi kelingan karo Kumbakarna (yen ra salah)..pokoke deweke mung mbela negara Astina..dudu mbelani Dasamuka...Nggo dewekke bener salah ya kiye negaraku..kudu dibela..ra kena di elek-elek...
Podo baen...mbok ala mbok apik..bahasa kuwi ya bahasaku...

Right or wrong is my country..eh salah
Right or wrong is my language..(mbuh bener mbuh salah pilihan katane..)..jenenge baen dudu wong Inggris...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Daftar Blog Saya

Comments

Postingan Acak

Pengikut

Back To Top