Minggu, 22 Maret 2020

NATO alias Not Act Talk Only alias Kakean Cangkem

NATO alias Not Act Talk Only alias Kakean Cangkem

Inyong kelingan pas gemiyen dadi mahasiswa, jenenge istilah NATO alias  not act talk only alias kakean cangkem alias kakean omong, yen nganggo bahasa gaul omong doang lo (ODL), dadi isilah sing familier sing kondang. Ana sing lagi demo, mahasiswa liyane sing ora seneng ya melu koar-koar, wah kae tuli mung NATO, teyenge mung ngomong. Jarene lawan tindak korupsi, jebul sing ngomong baen tukang korupsi. Mbuh korupsi duwite wong tuane, mbuh korupsi wektu kuliah, mbuh senenge mung titip absen.

Ya kaya siki baen, wong lagi demo jajal ngesuk dicek absen kuliahe, ana sing nandatangani opo ora.



Sing pro karo tukang demo beda maning pendapate. Sing ra gelem melu demo dianggep mahasiswa sing pengecut. Jarene mahasiswa kuwi duwe tugas kontrol sosial, tapi kon nyuarakna ketidakadilan ben ora gelem. Opo ora ngerti, kawit jaman penjajahan, para mahasiswa wis melu berjuang liwat jalur-jalur demontrasi. Nglurug senayan, nglurug gubernuran, mlaku turut dalan kambi koar-koar lan nyebar brosur. Deneng ana baen, wong kuliahan sing mung waton mangkat kuliah, ra ngurusi kahanan sosial politik bangsane dewek.

Siki inyong wis nyambut gawe, ya jebul podo baen. Istilah NATO alias  not act talk only alias kakean cangkem alias kakean omong, ya jebul ijih ana. Contohe, ana sing ngomong kaya kiye, "Jajal lah kowe aja mung teyenge ngomong. Wong ngomongi  kanca-kanca kon rajin, disiplin, kowe bae jebul sering mangkat telat. Kowe mung bisa ngomong tok."
Bener, yen ana sing ngomong koyo kuwi aku mung meneng, cangkeme caklep ra bisa ngomong opo-opo. Wong nyatane angel banget. Niate inyong ben podo-podo ngomonge, ben podo introspeksi diri, jebul malah diwalik.

Nyang pikirane inyong yo podo baen asline, sing senenge malik-malik omongane inyong ya mung kakean cangkem. Aku mung kelingan ana ajaran ya podo-podo kanca ya saling mengingatkan, ngelingke yang ana kahanan sing ora bener. Ana sing ngomong, kanca sing apik ya kudu gelem ngomongi, yen ndilalah kanca mau kuwi tumindak ora bener.

Ya embuhlah, malah mumet dewek, kakean nulis ra ono buktine, ya ndean aku mlebu kelompok sing NATO alias  not act talk only alias kakean cangkem alias kakean omong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Daftar Blog Saya

Comments

Postingan Acak

Pengikut

Back To Top